SRI MAHAPANGGUNG

Bagikan postingan



kacaratia ,kirang lakung sedasa gangsal warsa saderenge masehi ing tlatah grobogan ,puradadi jawa tengah,wonten satunggaling kerajaan kang sinebut jawa dipa ,ugi sinebat kraton medang kamulan ya kahuripan. La sinten ta ingkang jumeneng nata tan sanes prabu ajar padang 1,ugi sinebat sri mahapanggung utawa prabu sindula.
Prabu sindula kawentar kang anyipta tata basa jawa (keretabahasa) njih menika basa krama andhap, krama ngoko, krama madya, lan krama inggil. Nduk nalika semana aksara jawa sampun wonten nanging dereng sampurna ugi petungan pranata mangsapun sampun wonten. Nembe ing antarane warsa 78 masehi keraton medang kamulan dipun pimpin dening prabu ajar padang ke 3, yaiku wayah saking ajar padang ke 1 ya prabu sindula. Ajar padang ke 3,jejuluk prabu sri mahapanggung ke 3, ugi kawentar kanti sebatan prabu ajisaka. Nalika semana prabu ajisaka netepaken:
1.pranata mangsa warsa jawa (surya sangkala) ingkang dedasar sangkan dumadining bawana.

2. Aksara jawa cacahe 20 yaiku( ha na ca ra ka da ta sa wa la pa dha ja ya nya ma ga ba tha nga) ingkang dedasar sangkan paraning dumadi.

B. Panetepan dinten:
– dinten ke-1 dedasar surya sinebat radite samenika minggu

-dinten ke- 2 dedasar rembulan sinebat soma
Samenika senen

-dinten ke -3 dedasar kartika setunggal ,sinebat anggara samenika selasa

-dinten ke -4 dedasar bumi sinebat buda ,samenika rebo

-dinten ke -5 dedasar kartika kalih ,sinebat respati ,samenika kemis

-dinten ke-6 dedasar kartika tiga,sinebat sukra ,
Samenika jum”at

– dinten ke-7 dedasar kartika sekawan, sinebat, sabtu

C. Panetapan pasaran
Wonten rangkepan dinden utawi sisihan dinten dedasar 4 kalima pancer ingkang awujud cahya.

– cahya putih sinebat petnakan samenika awastan ,manis/ legi

– cahya merah sinebat abritan samenika awastan paing

– cahya kuning sinebat jenean ,samenika awastan pon

-cahya ireng sinebat cemengan saminika awastan wage
Gesang utawi pancer sinebat kasih utawi kliwon ,,,,, geng dalu mugi migunani

Sumber : https://www.facebook.com/groups/890289311114168/permalink/978407635635668/

Comments are closed.